Wingit Primbon Jowo

Tegese gaib ,,; samar = elok, ngarani kadadeyaning kahanan kang ora bisa tinampan ing ndalem pikir. Kang meruhi Ian keserenan daya kasektening kagaiban mau mung para mardikeng cipta, kang ulah tapabrata ameper hawanapsune sarta anguruburubake papadhanging. budi’ pangangen-angene, apadene tansah nindakake laku 5 prakara kaya kasebut ing nduwur mau.

Kacarita ilmu kagaiban utawa kasekten gaib, iku kang miwiwiti bangsa Hindu, banjur lumereng marang Egypt (Mesir) Ian Griekenland. Bangsa ‘Hali (Roma) uga katularan ilmu mau, marga sakasasrawungane karo bangsa Griekenland.

Ing pamburine bagsa Arab uga kaserenan kawruh mau, mung bae laku Ian piwulange beda karo kang katindakake dening bangsa Hindu. Ing tanah Hindu, Egypt Ian Griekenland padha dadi kedunging ilmu kagaiban, ing nagara-nagara mau akeh yayasan-yayasan kang angedab-edabi, anggumunake kaendahane, kayata anane candi-candi dalah reca-recane, piramide, pagodane Ian liyaliyane. Kabeh mau padha amot sawarnaning rurupan maneka warna, sarta ukir-ukiran

kang luwih awig, apadene awujud tutulisan (aksara). Kahanan mangkono sajatine kanggo piwulang kangjinejer sil11bul utawa pralambang, dadi kahanan mau sanyatane iya kena diwaca (diunekake) ora beda karo anane tulisan (aksara), nanging arang ban get kang bisa maca. Salagi kang wujud aksara, kang wus IUl11rah padha bisa maca unine, ananging uga arang kang mangerti surasane.

Sanajan angkonoa ewadene kawujudan-kawujudan mau yen dipuja sarana ngunekake tutulisan-tutulisan mau, iya kang banjur karan mantra, uga bisa l11ahanani daya gaib kang gedhe. Mungguh sababe mbokmanawa bae pangrakiting kahananing kawujudan-kawujudan mau wus tinata karo trilling getering alam.

Muiane piwulang mau padha kadhapur simbul utawa pralambang, sabab mungguhing iku kagaiban utawa kasekten gaib, iku ora bisa katularake ing liyan, dene bisane kasembadan mangerti Ian nduweni· kasekten gaib, mung saka papadhanging budi pangangen-angene dhewe, kang ginayuh sarana tapabrata ulah napas Ian amocapake mantra, yaiku angisep hawa kang angandhung eter. Para kang padha ulah napas ingaran Brahmana, Pandita, Muni, Resi, Yogi (Yoga) Ian aran liyane maneh. Tembung Yoga uga ateges samadi utawa sarasa, iya manunggalake, ngluluhake utawa njumbuhake Ian rahsaning Hyang kang maha kawasa.

Bisane manunggal, yen wus lerem rasaning: kamanungsane, iya kareping hawanapsu. (Bab kawruh lakune ulah napas utawa samadi, padha kasebut ing buku Aj ipameleng, Ajipanunggallan Srikawuryan). Ana sarjana bangsa Tionghoa kang mawas jumeneng Ian wataking Tao, kang ateges pranatan ajeg kang ana ing alam iki, iya pranataning kodrat, amratelakake yen ilmu kagaiban utawa kasekten gaib, panggayuhe mung meper hawanapsune, pepering hawanapsu temah eneng-ening sawiji tekade mung anglindung Ian manunggal marang Tao, ing kono bisane banjur ngambah alam sajabaning pikiran. Manungsa ora bisa mangerti sajatining Tao nganggo pikirane, bisane nyawang utawa manunggal marang Tao, mung sarana ngetutake utawa miturut kareping Tao, yaiku samangsa wus peper hawanapsune. Sabab sajatine yen manungsane iku pancen kinodrat becik, jalaran Tao iku ajeg becik.

Mula anggone miturut ngetokake marang Tao, lakune iya mung kudu bali marang kodrate, ateges meruhi utawa ora nyulayani kodrat. Ana sarjana ngungsed ilmu kagaiban kalawan serenging pangudi. Tuan-Tuan mau nyoba arep padha menehi jeneng kang patitis tumrap ilmu kagaiban mau kang banjur sinebut “physischmediumale met objectieve verschijnselen”, karingkes “mediul11istie phenomeng”

Mungkin Anda juga menyukai

WhatsApp chat